Misteri Hantu Pocong

 

Misteri Hantu Pocong

Koyo biasane Lur .....! Crito ini meng FIKSI , hanya untuk hiburan semata..dadi nek ono papan lan jeneng señg podo yooo...maap ora njarak...RA..OLEH..PROTESS..!

Hehehe..

    Critane ngene..

Le lakon iki yo wis roda sakuntoro suwe kejadian. 

Neng deso KARANG JATI lagi heboh ono isu penampakan hantu.  Beritane santer banget nek akeh sing di wiruhi POCONGAN. 

nahh..wektu kui koncoku..sebut saja namanya bunga..! Nek jeneng asline ki Hasto..

karo si Benyek jeneng asline mboh..! malah tak di kenal hedeeh.

Do moro nenggonaku..nyritakke teror hantu neng desane.

" Lha sing tau di weruhi ki sopo ?" Takonku

 " Whaa ....wong akeh..! , aku dewe yo tau kok..!" jare Hasto.

" Benyek yo tau yo nyek yo..!" si Benyek ming mantuk.

"Loh nek di mat matke rupane Benyek ki malah luih nggilani  timbang setan lho ! " 😂

" Yo ora ngunu kung,  "😥 omonge Benyek nggo nduk 

" Mulane aku moro mbrene..!" Jare si Hasto.

" kok aku ra patio mudeng to critamu ki..kowe ki diweruhi opo ?" Takonku. 

 " POCONGAN..!"  

Jawabe Hasto ro benyek meh bareng. 

" Pocongan ..? mosok kowe Wedi pocongan ...? TAK ANDANI YO CAAH....! KOE BESOK BAKALE YO DO DI POCONG...HAKOK MALAH WEDI KI PIYE TOKIH ?" takonku .

" Hening medeni je pocongan ki..! !" Jare Benyek. 

" tros koe wedi ?"..

"Nek kudune kowe ki wedi karo gusti Allah..ora malah karo pocongan "

" aneh aneh wae kowe ki...hh..mbel aku rangandel...!,  wis,  do bali kono..! "

" AKU AREP TURUU !" omongku karo rodo takusir..dasare wes ngantuk banget. 

" Mbok tulung...!,  kung, desaku  dadi sepi jam songo bengi wes do tutupan lawang kabeh do wedi !"  Jare bebek. 

" Hambok obong kampunge lak njuk rame!" 

"Ngawoor wae kowe ki, niyat kasus! "

Jare hasto..

"Lha karepmu aku kon piye ?" Takonku karo ongap angop...

Karepe aku kon ngilangi pocongane...kon mindah jare...hedehh....ono ono wae.

" Njuk kon pindah ngendi?....kuburan ?,  Mengko nengkono..ra krasan meneh..!" 

"ono ono wae kok critamu ki" 

"Yo wez sesok tak dolan nggonmu..!" Omongku ben do gelem bali hehehe...

" Tenan lho.. Masalah madiang karo udut beres wis tak tunggu karo konco 2 !" Jare Hasto ro pamit mulih...

hedehhh...ono ono wae..

Misteri Hantu Pocong

Ning asline aku yo penasaran karo sing jenenge pocongan ki,  🤔

lha piye sak jleg jumblek durung tau aku di weruhi demit wujud pocongan...

Sorene aku moro neng desa Karang Jati. 

Ndilalah pas malem jemuah kliwon ,

Seng jare dino kramat ,bongso demit do sobo..jare lhoo..

Aku boncengan karo kancaku, sopo meneh nek ora karo si P,  menunggu paling selo sak ndonyo. 😂

" Pee ...kowe tau di weruhi pocongan rung..?" takonku. 

" Nek weruh kerep,  nek di weruhi rung tau !" Wangsulane si p

 " lha piye to ? Iki arep nengendi ? Kok curiga aku " takone si P. Pancen sengojo ora tak kandani lur ndak ra gelem melu. Mau ming tak omongi dolan nenggone Rondho kempling,  ...langsung gage le mbonceng wjwkwk...

" Arep neng Karang Jati,  nenggone Hasto..kenal to kowe !" Omongku 

" Ngopo .?" Takone si P neges..

" Arep ber buru POCONGAN !"..

"WOOOOO....BIYANGANE KI ..!  NGERTIO ORA MELUU..JILAK OQ !" omong si P muring muring. 

. Bareng tekan omahe hasto aku di duduhi ngon nggon sing sering nggo ngetok pocongane.

kebonan gedung, cerak langgar...

jare metune pocongan..seko sumur langgar. 

" Kui jare sopo kok ono pocong omahe neng njero sumur ki..? " 

" Ora kademen po ?" takonku 

"Jarene mbah Kothot .!" Omonge hasto.! ."

" nek kowe ora percoyo..takono dewe ha kui omahe..!" jare hasto karo nduding omah neng cerak kebonan gedang..

Nek nggone ki yo ora patio peteng wong isih keno sorot lampu seko tanggane.

Tak sawang samben sudut, blas ora ono keanehan..nggon sumur yo ngono, oraono glibete lelembut.si P yo melu nliti koyo yak yako..ngecek neng njero langgar barang hedehh. 

Tak sawang ekspresine si P ketok kaget, njuk mundur mundur

" weroh opo pe ?" Si p sajak serius njuk mbengok gawe kaget

 " POCOOOOONG AAAN !! " njuk njrantal si Hasto yo katut mlayu pontang panting..hedehhh...

." endi...endii.......?" Takonku..

" kui neng njero ! Langgar ...neng njero...putih putih...hi...hiiii  !" Jare si P ro ngoplok ..hedeh..

bareng tak delok pancen ono...putih putih lur..neng tengah langgar..jiaan anteng mbegegek..ora obah.

mbasan lampu langgar tak urubke ..

."WOOOO ...TELO I " jebul ming rukuh gemletek ora di lempit...ngeget geti...!

 Hasto ketok nggonduk Karo si P wkwkwk  

" Lhamau ki takkiro pocong je..wkwkwk.!" Jare si P ro ngekek..hhh..

." iki langgare kok koyo ora kerumat,  reget bianget ? "takonku 

" Sepii kene kung,  saplok geger pocongan do pilih solat nengomah !"

" Woh aneh aneh wae mosok ming goro goro kui ?"

" Kiandani Oq wes okeh seng di weruh, angger mangkat opo bali seko langgar !" Jare si hasto.

Gandeng krungu ono rame rame mbah kothot nganti metu seko ngomah.

Misteri Hantu Pocong

Misteri Hantu Pocong

Kamongko lokasine ora main main lur..! neng cerak langgar ( musola neng cilik ). Nek bagiku iki wes ono demit kurang ajar..! ,mergo sing di wedeni warga seng arep sholat neng langgar. .

his maune aku sih biasa wae ..ning gandeng nyangkut perkoro ngibadah ..aku ora trimo banget.! .

IKI MUSUHKU..!,  wes tak anggep iblis panuksmaning dajal laknat..! 😡

Banjur sopo iki seng dadi Potongan, kok ngeder derke banget nganti wani gawe geger..wong sak deso..hassu..tenan..oq. 

KASUS DIBUKA ! 😡

Gandeng krungu ono rame rame mbah Kothot nganti metu seko ngomah.

 "KYAAAAAA...!" kaget aku weruh rupane mbah Kothot .

Rupane ki aneh ..maaf yo lur aku crito opo anane lha piye le ra kaget ngerti ngerti mbah kothot mak bedunduk neng mburiku..hedeh..nek umure ki yo rung tuwo banget..sekitar 50 an ning rambute gondrong tros sajake bekas penghuni BI po yoo?. Mantan bencong maksudku 

Iki ora ngece lho lur....!  , ning kae lho lur raine bekas permakkan silikon, alise di kerok njok di tato.

Gandeng wes umur dadi malah koyo wkwkwk iso mbayangke dewe lah..hedehh..

" Ini pada ngomongin apaan siih ? ribut amit, Akika sape bangun gitu lhoo?" Omonge mbah Kothot karo kemayu.. Jian malah nggilani bianget.. .hh.  Terus terang lur... Aku ki karo demit opo wae, ora nduwe roso wedi,  ning nek karo sing jenengi banci jian Gilo aku! "😥😥

 " iki lho mbah do ra percoyo nek kene iki pocongane sok ngetoki.!" Jare Hasto .

"Siapa yang nggak percaya?,  mas nya yang ganteng bingit ini po? " Omong e mbah  Kothot karo matane kedip kedip nyawang aku 

" RASAH CEDAK CEDAK ! , MBANGANE TAK TAPUK SANDAL RAIMU! "😡😡

" iiiihh,  gitu aja marah,  galak banget sih! "

" BEN..!,RAURUSAN..! " 😡

si P nyawang aku Gilapen, sajak mbungahi

" itu tadi bilang minta di emut mbah! " jare si P. 

" MATAMU..! " 😡

" Penak lho kung, dimut banci ompong kih! " 😂

" PREEK..! " 

Misteri Hantu Pocong

." eee....Embeer...lho.. sini tu angker bir lho...Akika ampe amezing..sudah ber kalii kali..di godaiin..iih..ampe ngerii..ngerii.ngerii.....!" jare mbah Kothot. 

Kok ra gilo yo pocongane, batinku...

" Omong punya omong ni ya...itu pocong arwahnya mbah Joyo ! ..yang nggak trima tanahnya mau di bangun !" Jare mbah kotot..mak breng...... ababe mambu pete..hedehh..

" Mbel mbah , mosok demit kok urusan tanah warisan, hedehh..mbah kentot ki ono ono wae !" Omongane si p .

" Iiiih...kothot.... ! bukan kentot .. .jangan salah ya ..!  akika dah insaf lho..kalau gak percaya buktikan sedindang..aza..!" Jare mbah kothot karo bali mlebu omahe..hedehh...

"Insaf mergo wes ra payu kui! " jare si P . 

" Mbah Joyo ki sopo ? " takonku karo Hasto

" mbah Joyo ki sing duwe langgar iki Mbiyen,  karo kebon gedang kui..yo isih nggone mbah Joyo ! " jare hasto..

Ora suwe si Benyek teko karo nggowo bungkusan sego padang..jian cocik..wkwkwk

" Lha anake mbah joyo nengendi ?" Takonku karo muluk sego ..

" Anake mbah Joyo do neng jakarta kabeh wes do sukses neng kono,  makane langgar karo kebonan gedang kui di wakafke arep di bangun Masjid ming kari nunggu danane !" Jare Hasto. 

" GENE PAK JOYO KI WONG APIK..MUGO MUGO DADI AMAL JARIYAHE PAK JOYO ..!" Amin..

Gandeng wes bengi tak putuske nek nginep neng langgar wae, sopo ngerti pocongane ngetok hehehe..seng jelas mesti dudu mbah Joyo ..!

 Aku dikancani si p ,Hasto , Benyek karo pemuda deso kono..do teng gletak nggelar kloso. Ono sing wes ngorok ,hasto dolanan hp nganggo henset..si P ngobrol karo Benyek ...aku dewe ngringkel dasare ngantuk.

 Jam 2 bengi aku di gugah si Benyek ..jare ono suoro suoro aneh..

Sreeek sreeek sreeek....koyo ono wong mlaku nganggo sandal ning diseret alon alon. 

" kabeh di gugah ning sssst..ojo brisik !" Omongku alon....sssssst..! . Kabeh do tangi njuk do ngindik seko jendelo langgar.

suasana dadi tegang..njuk krungu..suoro seng nganeh anehi...Tiiiuuuuuuuuttt..! .nggalur dowi..hhh...njuk breng.....ambune koyo tai...jingani..! Takdeloke mboko siji do gedek gedek karo nutupi irung ming si P sing gayane sok ra dong..

" opo to ?" ..takone si P koyo ora nduwe dosa..

"MBUOH ...!"

Misteri Hantu Pocong

Ujung ujug mak pet..lampu langgar mati..soyo le medeni..njuk petungul muncul sosok pocongan neng njobo cendelo..aku lagi iki weruh ujute..pocongan...sontak kabeh do mbengok 

"KYAAAA KYAAAAA...!"

Dadi geger...ono sing mlayu nabrak lawang langgar, terutama si P malah bengok bengok banter dewe.."POCOOONG .!.POCOOONG ..!".

Pocongane namatke aku njuk ngguyu sajak seneng do keweden..

"Hiiihiiihiiiiihiiiiii...........! "

 WAH NEK IKI TETEP MENUNGSO DUDU DEMIT. batiku .njuk breng.....!! mambu pete..heeeh wes langsung tanggap aku.

Tak playoni metu, sing tak jujug lawang samping sebelah mburi omahe mbah Kothot ..tak jagani pentung ...

tenan wae ..

tuing... tuing..tuing..pocongane ..nyedak mlompat 2 marani aku tak getak wae  

"HAYO...MORO NDENE..KLAKON TAK KEPROK NDASMU ......ISO MATI PINDO KOWEEE......!!!"😡😡

POCONGANE kaget njuk mbalik tuing..tuing..glangsar...pocongane njungkel neng kebon gedang...njuk ngadek meneh mlayu nenggon petengan..ilang tak kedepke 

" NGALOR NGALOR ...POCONGE MELAYU NGALOR ..!" Bengokku ngabani wong kampung seng wes do metu nggowo senter..do dioyak di petok petokke...

" wah ora kecekel je mas mabur banter koyone !" Jare si Hasto ..karo clorat clorot nyenteri gedang gedang...

" Wes saiki melu aku ...! Curiga aku..kene njilih sentere..!" omongku

Tenan wae,  sebelah mburi gedang gedang ono jugangan,  bareng tak senteri ketok cetho ..wkwkwk...

pocongane lagi njerum,  ngringkel....wkwkwkk..😂😂😂

 Karo cah cah..arep di krutuki watu neng tak cegah mergo aku ngerti sopo seng dadi pocong iki....hehehe

Ono ono wae..

."  MBAH ..NGOPO KOWE NDEKEM NENG KONO? ..AYO ..MUNGGAH ..!"

Gandeng mbah Kothot wes ketangkap basah deknen njuk pura pura kesurupan. 

 "DUDU....AKU JOYO...HOSSSS...HOSS....AKU RATRIMO NEK LEMAHKU..DIBANGUN....HOSES..!" Jare mbah kothot karo mbekos mbekos...

suwe suwe sebel aku ndelok tingkahe mbah kothot banci tuwo ra kalap siji iki , tak sentak wae..

" RASAH KAKEHAN EKTING...KOWE MBAH...!  TAK TARI PISAN MENEH...GARI MILIH..

AREP MUNGGAH DEWE DI RAMPUNGKE SECARA KEKELUARGAAN OPO TAK TELPONKE POL PP BEN DI GARUK SISAN !" ..mbah kothot akhire langsung munggah dewe...

"Ampun mas akika takut pol PP ..!"😥 Wkwkwk......

sajake mbiyen kerep keno garukan pol pp dadi gilo 😂😂😂

Isuke mbah kothot di sidang karo rt lan takmir musola...alasane opo meden medeni warga.

...

Alasane jian ramutu tenan jare deknen sengojo ben musolane sepi njuk rasido dibangun dadi Mesjid nganti batas kebonan gedang ndak omahe mbah kothot ora entuk dalan....

"hedehh...ono ono wae kowe tooot kentoot..!" omonge si P ro nyengekek.....

Omah cedak mesjid ki berkah je...wkwk sak ora orane entuk turahan senek nekpas ono pengajian wkwkwk

.intine critaku yo lur ojo wedi karo bongso lelembut wedio karo gosti Allah seng ngrekso uripmu....wkwk wk 

Salam sruput cres bul bull 😂

===============================Tamat=====================================

SC: Dokter Kung Top