Misteri Kematian Dewi

Misteri Kematian Dewi

Iki ming crito fiksi lho lur. Dadi nek ono jeneng lan papan seng podo ,ora tak jarak...!

Critane ngene..

***

Esok esok jam 6 an kok ke ganggu suoro gruduk gruduk neng ngarep omah, tak injen seko cendelo ono mobil gede apik warnane putih. Tulisane toyota lan kluiser. Mobile siji jenenge 2.


Gek sopo isuk isuk moro dayoh koyo rangerti wayah hedehhh. Seng numpak do metu tros nutup lawang mobil mak jlegg .brrt cendeloku nganti geter kacane.....

"Permisiiiii.....Asalamualaikum...!"notok lawangku karo ingak inguk seko njobo. Weh dulurku po yo? batinku. Ning aku ragu dulurku ki kere kere je mosok iso tuku duwe mobil apik..

Walaikum salam jawabku ro keiyip kriyip kemul sarung tak bukak lawang.

Neng njobo ono pawongan lanang wedok rapi sek lanang umur seketan..

Seng wedok umur 45an lah jiaan isih ketok yes wong kerumat mergo sugih. Jal kere yo nglomprot ketok tuwik . Yakno lho kui lor..

Gek gek arep nuku omahku po yo...keno gusur kih...

..maaf mencari sapa yo..? Takonku nggo basa indonesia. Ojo ngece lho lur basa indonesiaku ra lancar.. .

Jebul pancen nggoleki aku hedehh

"Begini lho mas. Kedatangan saya bersama istri saya mau ....." sebentar pak silahkan masuk duduk dulu critanya nanti wae saya tak adus dulu biyar ketok seger sama tak nggodok wedang ya...! Ben adusku tak suwi suwi, sabunane ping pindo wkwk. Lha geneh tamu teko kegasiken gek ra nggowo sarapan gudek po piye. Bar adus nggae mi, tamune ra tak tawani ora mergo medit lho lur wong ming sebungkus..hedeh...

Bar sarapan wareg lagi tak temoni..."maaf ya pak bu agak lama maklum ..!". Iya mas ndak papa..jare sek wedok ..! Kok pagi banget ada perlu apa to..? Takonku neges...."begini mas kami ini dari cirebon. Jauh jauh dari cirebon mau minta tolong carikan anak saya....Dewi !". Dyarrrr....esok esok ono wong njaluk tulung ngono ki piye lur....hedehh..

" Maaf ya bu pak kalian itu salah alamat. Harusnya bapak sama ibu itu datang ke kantor polisi, jangan ke tempat saya, saya yo ra dong blas no..! ..terus bapak sama ibu ini yang suruh nyari ke tempat saya ki sapa....hoak itu buu..!.

Walah malah wong loro do mbrebes mili mohon mohon aku kon nggoleki si Dewi. Aaku yo ra ngerti, kenal we ora....hiess jian ra masuk akal nan .

Deweke diandani uwong jare kon takon ro aku .jian..kurang ajar nan..lha aku ki dudu wong pinter po paranormal je. Jal nek kedadian iki menimpamu lak yo bingung to.

."Tolong mas....tolong sekali...!" Jare ibune ro nangis nangis. Lha piye leku arep nulungii.

Aku wes wegah wegah tenan tetep wae ibune mekso "setidak tidaknya tolong dengerin critaku dulu...!". Yowes crito sak karepmu tak rungokne...hedehhh...

Tros ibune crito seko A nganti z. Nganti ngantuk lehku ngrungokke...hedehh. Gek critane terlalu bertele tele mboseni ning tep tak tunggoni lha bacut nyimak seko awal..jian tobil nan oq. Mongko mengko selak diampiri si p janjian golek lumut barang...hies...

Misteri Kematian Dewi

Critane cekake ngene lur. Wong loro kui jenenge Pak Surya ro bojone. Dadi pak karo bu Surya ki wong cirebon ,duwe anak jenenge Dewi, kuliyah neng salah satu unipersitas swasta neng jogja. Wes semester papat, ngekos neng daerah jl kaliurang. Wes pirang pirang ndino di kabarke ilang ora iso di hubungi diduga meninggal di pateni karo Wawan pacare yo wong seko cirebon. Jare kawit SMA wes pacaran ...hh.. Saiki wawan wes di amanke neng kantor polisi , ming kari nunggu fonis hukum tetap ming si wawan ora gelem nduduhi jasadte dewi nengendi. Wong tuwo nyekolahke adoh adoh ben dadi wong pinter, malah dadi banten. Lha aku di jaluki tulung kon nggoleki jasadte dewi nengendi.....hedehh....emang aku anjing pelacak...! jindul oq..

Bareng wes sauntoro pak suryo karo bojone njaluk pamit karo ninggal kartu nama ro duwit 5 lembar werno abang. Gandeng aku ora moto duwiten to lur..! duwet langsung tak sak ra tak delokke...

Sorene aku arep nggoleki sek jenenge Wawan. Mergane neng critane bu Surya mau bagiku rodo janggal..! .hakok iso ngarani nek Dewi wes mati ..? .tros wawan seng jare pacare kawet sma sing di dakwo mateni alasane ming mergo ono seng weruh nek Dewi metu seko kos mbonceng Wawan. Lagi arep budal lhakok malah udyan deres. Kepekso tak undur sesok wae mbang mangsuk angin yo to lur....

Udan seko sore ra terang terang..hh. Penake nggo ngringkel wae dasare yo wes jam 10 an , nonton tv acarane ming banci alay ra mutu blas. Mending mapan turu karo nyanding radio cilik nyetel wayang kulit dalange ki hadi sugito seko toyan wah jian demes. Krukup kemul sarung dasare adem. Maklum lur ..! urip mong ijen durung payu rabi..wkwkj. Dulur dulur wes do mentas kari aku ijen nunggoni omah tinggalane wong tuwo hehehe. Jan jane nek aku ngilo kae yo ra pati elek banget lho lur. Nek do ngarani aku ki manis koyo Si Al anake Dani. Ning angger nyedaki cah wedok durung nganti dadi , wes di putus...hedeh nasib..nasib ..! padal kulitku ki putih lho .lur..! resik. Ming kakean mancing dadi njliteng.

Haning piye meneh karang yo wes dadi hoby. Mbok menowo durung ketemu jodone. Cilakane ki nek jodoku rong lair opo malah wes mati...hedehh..

wkwkwk....

Misteri Kematian Dewi

Jam set limonan aku nglilir capet capet krungu jago teng brengok nandake nekwis esok. Bareng ngolet mak jenggirat...! .kaget setengah modar aku...hh rasengojo mbengok "kyaaaaaa...!"

Ono sosok pucet wes ngadek neng jejerku jan ceto banget. Rambute di krembyahke, motone irengtok oraono putihe. Opo iki seng di arani kuntilanak beranak kuntil..? Jian gilo tenan aku lur nganti raiku tak tutupi bantal..ben ra weroh..

"hies...lungo..! .lungo...! ora nengkene lungo...his...karo tak gepyoki sarungku. Samar samar krungu sworo .."paak....! tolong paaak toolong..!"

Woooh nek iki..!...grrr...hhh...aku dadi rasido wedi malah emosi aku lur.....! aku ki jeh muda je...! dionekke bapak bapak...jiaan demit we arep mateni pasaranku ..ra trimo banget aku lur...jilak nan ...

"HEH...PAK PEK PAK PEK... KAPAN AKU kimpoi RO...MBOKMU..HE..!".

Reflek tak bandem bantal seng tak nggo nutupi rai wus....krompyang ngenani gelas nduwor mejo bekas lengopi wingenane.

"Kowe ki seng jenenge kuntilanak yo....? "

"Ha endi anakmu....? .opo sundel bolong..?"

Deweke ming gedek...."lha koe ki sopo..? "

deknen ngaku jenenge DEWI ..

"Dewi anake pak sorya po...?" Deknen mantuk karo mesem sajak seneng...

Eaaalaah..! .digoleki malah njedul neng kene..hedeehh...

"Koe di pateni pacarmu to.....mergo koe meteng ...! .yo pora...? njuk koe ngoyak oyak Nikah..! njuk pacarmu durung siap. Koe terus dipateni..! mergo isin ..njuk jasadtmu di mutilasi tros di buang kali.....! yo pora...? njuk kowe gentayangan nggoleki jasadtmu, medeni wong do mancing...yo pora...! Ajeg ..nganti apal aku....! mulo...yo.mulo...! kowe ki di sekolahke adoh ,ngentekke biyaya okeh..bendadi wong pinter malah do ra nggenah ...! Sobone diskotikan..hh.. .anggepe bebas..! kowan kimpoi, kentha kenthu bareng meteng bingung...hh..tinggal minggat..! hhh....Dyar...! mesakke wong tuwamu yooo....! le ngetokke ragat ..ora sitik..! ning percumah ibarat sego ees dadi telek.! ".ben seneni sisan..hh...wedokan ra kalap..hh..".wes rasah kimbik kimbik !"

Dewi sing maune serem ming ndungkluk sajak susah.." njuk jasatmu saiki nengendi ...?". "Salah.....! kamu salah..! critanya nggak kaya gitu....!" jare si Dewi......hedehhh...

Ora ngono po..? Hanek ra ngono ki njuk piye....? biasane ki ngono..!" Omongku yakin..

Dewi terus crito yen seng mateni deweke dudu Wawan ..! cen bener seng metok wawan ning tekan dalan terjadi cek cok nganti si Dewi mekso medun njuk nyegat taksi moro nenggone kancane wedok..". Hakok ndadak cekcok barang opo nggone wawan tidak memuaskan ..??.!".takonku nyelo critane.

" Endak ya....! mas wawan bukan tipe manusia seperti itu..!..dasar otak mesuum...!".jare dewi wkwkkk...seem iki! opo wawan ora ngubungin kamu lewat hp..? " ngubungi terus tapi enggak saya angkat ..! " Lha ngopo ?" Takonku..."hhh....emosi pak..!. Hedehh...mas..!

Critane bar cek cok tros dewi moro neng omahe kancane di terke ojek. Dewi tekan omahe koncone suwong ning. Lawang ngarep mbukak tros ono mobil avansa silper. Dewi mlebu jebol omahe koncone mau lagi di rampok...!

Dewi di sekap ning berusaha nglawan karo mbengok ning kalah ndisik karo palu sing wes nutuk sirahe. Jasate Dewi di seret di lebokke jugangan mburi omah ...." hakok raono tonggo seng weruh po piye...? " Takonku kepo...

Jare dewi omahe rapet pager bumi... " wossd....ra masuk akal hakok jasadtmu durung ketemu sprene...? opo koncomu dewe ...! ora ono wong liyo ....? ra masuk akal meneh..wong koncomu lungo kok kowe ra ngerti...kudune kan mbok bel sek koncomu ono opo ora lagi moro..! .hedehh....!".. dewi ndelokke aku sajak nesu..." Ha...kalo tau nggak ada saya ya nggak mungkin datang...! .orang di bilang baru emosi jadi nggak kepikiran...!" ...wkwkwk...ono demit di paido critane nesu wkwkwk...

Jare koncone bar wae mulih neng negorone cirebon wong pas musim liburan kuliah. Omah kono ki ming kontrakan di nggoni wong telu dulur kabeh kuwi we yo do bali kabeh , seprene durung bali neng kontraane..

Woo...ngono tow...

Koyo seng tak critakke neng seri sak durunge. Dewi anake pak surya seng kuliah neng jogja dadi korban pembunuhan neng omah kontrakan nggone kancane. Lha seng dituduh mateni si Wawan pacare Dewi mergo saksi mengarah neng Wawan.

Pak Surya njaluk tulung ro aku nggoleki jenasahe anake seng di delikke wawan. Wawan saiki di tahan polisi nunggu sidang pengadilan.

Lha saiki aku lagi bingung piye carane ben aku dewe ora terlibat langsung, sementara si Dewi seng wes dadi badan alus isih klinteran neng omahku marai risi. Aku njuk kelingan kartu namane pak Surya. Tak woco wooh.....! jebul pegawai pertamina...! Broww....wkwkk pantesan sugeh..! .Pantesan anake juteke ra umum..hhh...cobo cobo tak hubungi. Jebul pak Surya karo bu surya isih neng jogja, ngurusi sidange wawan. Deweke durung lego nek si Wawan durung di ukum berat....!

Hedeww...nek paribasan jowo le ngarani ketiban awu anget.

Pak Surya nginep neng hotel berbintang rasah tak sebutke hotelle pokoke isih neng jogja. Gandeng aku kepingin njelaske masalahe Anake , aku kudu ketemu ben masalahe ndang rampung teros Dewi iso tenang ora nggangoni aku..

Janjian ketemu neng hotel mewah lur...! ngerti dewe lagi iki aku arep sobo Hotel berbintang. Dandan mlitit, nganggo dasi, ben ketok piyee. Sepaton, hem putih. ben ketok ora ndeso banget..hh..wkwkwk.. Motor tuwo tak pancal werr...

Bareng tekan hotel aku ditakoni arep ngopo karo sekuriti hotel sajak ra percoyo nek aku ki tamu kehormatan. Jjan mangkelke..! opo tampangku ki ketok kere banget yo lur ..? padal aku wes nganggo hem putih lengen dowo bekas sragam SMP ku ndisik..! Pancen wes rodo kawus sih, raketang sebagian benikke wes tak ganti model peniti, ming bet osis lali durung sempat tak tetel...hh...ka

ro sekuriti mah dikiro arep golek rosok..jinguk nan og..

Bareng tak kon ngubungi pak Surya, lagi Aku kon nunggu neng loby hotel. Ora suwe pak Surya teko njuk nyalami aku. Tamu kehormatan je padake emyeh embyeh.

Misteri Kematian Dewi

singkat crito yo lur, kabeh seng diomongke dewi tak critakke kabeh ora tak tambahi ora tak kurangi. Pak Surya kaget ning mboh ngopo pak Surya percoyo banget ro aku. Tak kandani nengendi jenasahe Dewi. Nanging pak surya durung percoyo nek seng mateni dudu Wawan...hedehh. " Pak saya sanggup menangkap penjahat yang membunuh anakmu asal bapak mau janji melepaskan Wawan,..kasihan sudah di tinggal pacar ,masih di masukan tahanan hhh... Dia itu tak berdosa...pak .!" ..ok...! begitu pembunuh asli tertangkap , akan saya urus wawan...! Tapi ya itu pak orang jawa bilang jer basuki mowo bea... lha saya ndak punya ragat je..! "Omongku tros "nomer rekeningmu brapa?"

Cessss....anyep neng sirah iso tuku tegek meneh..( alat pancing )batinku.." nanti tak sms pak ..! saya ra apal je..! " omongku " ok ndak masalah.. nanti tak kirim kalau anak saya benar benar ketemu seperti critamu..! " Jare pak Surya.

joss.....! rembukan ro wong sugih ki jian penak ora kakean ita itu. Aku njaluk pamit mulih. Sorene lur...! Aku di kabari pak Surya yen wes kasil nemu jenasahe Dewi di kubur neng mburi omah kosong.

Wes saiki kari nemoke pelakune..

" Perampok spesialis rumah kosong."

Dewi seng wes dadi badan alus ngandani nek pelakune saiki neng tangerang...dyaaarrrr... Tak tiliki saldo neng Atm ku wes ono isine okeh.. ! .turah nek ming nggo sangu wkwkwkkk.

Langsung Go To stasiun Tugu antri tuku tiket kreta ..zakizuk izakizuk...dolan neng Tangerang jawa barat bersama Dewi.

Bareng wes duwe sangu, aku kat neng stasiun tugu pesen tiket sepur. Si Dewi we yo melu, karepe tuku tikete we yo 2 ....jiaaan mboros mborosi...! "Kowe ki lak yo ra ketok to mbok rasah tuku siji wae..! Mengko nek korsine kebak kowe tak pangku wess...! " Omongku..." Gaaak mauuuk...!" Jare dewi jiann timbang brebek kupingku tak turuti. maklum lur ....! orang kayaaa ....!

Gandeng isih liburan tiket penuh ndadak ngenteni rong ndino..hedehh. Bareng wes entuk boking tiket arep bali hakok si Dewi njiat njiat ngejak jalan jalan neng malioboro..hedehh..opo yo umum kui...? Demit kok piknik...hhh...jare dinggo ngilangi setress..??? Karo dinggo kenangan trakhir..,! awale aku wegah , males panas..! , neng ngerti dewe Dewi nek ra dituruti, ngamuk ngamuk nggedrug nggedrug...! Koyo cah cilik dadi paham perasaane si Wawan.

"....yohh tak turuti maklum lur horang kayaaaa....! .mbareng neng moll dewi ngejak mlebu..."gah aku...! ra biasa mlebu moll...! ora kulino.!". Biasane neng mollitik warong klontong ndesoku..! Neng dewi tetep ngotot ngejak mlebu. Nek aku ra gelem deknen ngancam arep ramelu neng tangerang...!he

dehh...karang yo bekase anake wong sugeh dadi demit we isih judes, jutek opo opo keturutan. Jane isin aku lur, ra tau taune mlebu moll. Jebul jian resik tor adem neng njero moll ki. Liane do necis necis sandangane aku ming nggo sandal jepit we selen. Dewi nggeret aku numpak undak undakan seng iso mlaku dewe. Jian praktis tenan sikil ora pegel. Dewi ngejak neng nggon klambi klambi wedok hedeh.."aku ngenteni kene wae wi..!" omongku. Dewi tep wae nyeret aku kon mlebu. Yo aku ming manut, jan tak sawang koyone dewi wes biasa sobo mol. Deknen asik milih milih sandangan. Batinku karepmu nekming milih tok wee ora tuku wong yo raiso nganggo.

Ora sue Dewi nyeret aku tros nudingi klambi wedok tros aku kon njikuk kon nuku...whattt...? " Hawegaah....! arep nggo ngopo....???!" Dewi ketok nesu raine dadi serem. Dewke ora gelem lungo nek ra di tukoke.

Jarene kui klambi seng di pingini neng rong klakon di tuku. Bareng tak delok regane .....Bhajilaak....! sakjuta nematusewu...! Edyaan iki nggo tuku bakso wes iso nggo nraktir wong sak desa "kowe ki demit po rampok heh...!!? aku we nek tuku sandangan setaun pisan nek arep bodo kuwi we neng pasar nggodean pol pole rego satus....!" Rasadar aku muni muni bengok bengok do didelokke wong akeh. Dadi isin aku dikiro wong setres. Hayo kepekso tak bayari njuk dewi nggeret aku neng sepatu sepatu seng di pilih rego sakjuta rongatus. Njuk neng pakean dalam wanita bongso kotang ro cawet hiesss...."Gaaaah...! aneh aneh wae mosok aku yo kon nyobo cawet ro kotang barang.!! ???.mau wes mbok kon nyobo sepatu wedok.".nganti isin ro mbak penjagane.." ora ora..!" Jare dewi kemayu. Neng aku kudu tuku jare wes seminggu luweh ora ganti...hedehh...aku sesasi we biasa wae. Bajilaaak rego kotang 500 ewuvki njuk ngopoo..??? .gumun aku ro wong wedok ki kok yo ono seng tukuu...??? Nggak habis pikir gue nih ndadak nganggo bordir bordir barang ..! wong yo nek dinggo ra bakal ketok. Cawet yo ngono ..,! rego 200 ewu okeh renda rendane. Njuk sopo seng arep ndelok..!,!!? Mengkon nek di injen muring muring..!.hhh. cen aneh tenan cah wedok ki. Njuk moro neng bagian wedak pupur .benges....hedehhh..


Total blonjo patang juta patangatus. Sekali blonjo kui lur...! .aku nek duwe bojo koyo Dewi iki iso mati garing tenan. lur....! .batinku , hes ra popo idep idep nyelengi nggo asok tukon. .sok nek aku arep duwe bojo..hh..

Bareng tekan ngomah to lur ...! barang barang seng tak tuku entek patang jutanan mau kon nglumpukne dadi siji tros kon ngobong....! .edyan ra kwi......

Nekra ngono si dewi raiso nganggo. Gagal deh learep asok tukon. Ning tenan lur bareng kabeh iso kobong dewi lagi iso salin jian ketok seneng bola bali ngilo..hedehh. Lagi iki ono demit kemayu neng nek ngaraku mah soyo memedenkan wkwkwk

Esok jam pitu lur aku wes siap brangkat nggowo ransel sak cukupe wae ,tiket kreto jo ngasi keri. Si dewi yo melu dandan bengese menger menger . "njuk seng arep mbajul ki sopo wiii....Dewi..!" Hayo lagi iki ono demit dandane lebay malah soyo memedenkan wkwkk..

Cekak crito wes neng njero kreto jian demes adem lagi iki numpak sepor eksekutip klas maklum lur,orang kayaaa. Lungguhku jejer Dewi. Wektu kui sepor ora pati kebak isih akeh tempat duduk seng kosong. Jebol sek numpak ora ming menungso tok, kebukti samping kananku persis ono seng lungguh raine yo pucet koyo si Dewi ,kawet mau ngematke aku terus.

Nek rupane luweh yes mbang si Dewi

Jam songo sepor budal. Badan alus sampingku tetep ora uwal le mandeng aku.. Mbok menowo deknen gumun aku lungguh karo si Dewi. Wes rasah di gagas..? ben urusane dewe dewe...yo to lur....!

Angger pramugari liwat nawani wedang opo panganan ,dewi mbingungi njaluk kon nukokke...yo tak tukokke...nganti pramugarine bingung angger pesen mesti 2 . Seng siji ming di bukak tok ora di pangan nganti numpuk panganane hedehh. Tak cobo ngicipi panganane dewi jian sepo wes raono rasane blas...

Jam telu sore wes tekan ,aku mudun numpak ojek golek penginepan karo rental motor.

Esuke aku ro dewi oprasi nggoleki omahe seng mateni dewi. Seko petunjuke dewi ketemu neng daerah pinggiran kota tangerang. Aku takon karo tonggo teparo kono jenenge sabiyan ,ning undang undangane codet. Omahe codet pancen paling apik dibanding tanggane. Ibune bukak warung cilik cilikan, pas banget kih udutku entek ...tuku udut karo golek info tentang si codet. Ndilalahe si codet lagi kumpul karo kancane neng samping omah. Nek ndelok blegere si codet lor, blas ora nyongko nek kui penjahat tegel mateni uwong. Bagus bocahe resik kulite ming potongane alay jambule di semir koyo londo umure paling 23an. Deknen lagi ngutek utek hp ro kanca kancane. Neng kono dewi ngamuk naboki njambaki nendangi si codet...wkwkwk.

..codete blas ra kroso

Oalah wiii ....dewi...hhhh... koe ki wes dadi badan alus we seh ,seng seng..! jare si dewi ,hp sing di gowo codet nggone deknen..

Langsung wae tak poto ceprat cepret nggo hpku tanpa sepengetahuan si codet dan teman teman...wkwkek.

Wes misi complited. Berarti si codet durung prof. Kebukti isih ribut carane mbukak pasword gowo neng konter we beres kok dettt.....! aku tros bali neng penginapan njuk ngebel pak surya. Jebul pak surya duwe koneksi polisi neng tangerang, tros di gatokke ro aku..

Ora suwe lur polisi okeh pakean preman wes siap mengadakan penyergapan. Jam 10 bengi aku melu pingin weruh je lur...wkwkkk..

Tenan lur omahe codet di kepung jian serem persis nggon pilem pilem kae lur. Jangan bergerak..! jangan bergerak.....,! si codet menyerah. Mboke nangis gero gero ngerti anake dadi buron polisi...! Hhh....si codet di glandang neng kantor polisi bersama sebuah barang bukti , hp nya si dewi. Paswordnya 11200 pak ! wkwkwk... polisi cen pinter pinter opo meneh seng nom nom jian salut aku..! Ora suwe konco koncone codet do kecekel siji mboko siji malah ono seng di dor mergo melawan petugas.

Misteri Kematian Dewi

Aku krungu kabar yen wawan di bebaske di cabut tuntutane dibersihkan nama baiknya . Wektu kui aku tros di undanang neng cirebon karo pak surya. Mudun neng stasiun cirebon langsung disambut pak surya njok moro neng omahe. Nengkono isih ketok bekas bekas nek bar ono sripah. Jasadte dewi wesdi kubur ning badan aluse dewi isih durung lungo..

Aku kon ngomong karo pak surya nek Dewi sangat mencintai kluargane terutama bapak ibune...!.Pak Surya ro bojone langsung mbrebes mili..."Tros sekarang dewi anaku di mana?." Takone pak surya..."itu masih sungkem di pangkuanya Bapak..!" Dia mohon pamit" bapake ro kabeh malah do tangis tangisan neng panggkuane Pak surya. Tak matke ono cahaya padang njuk Dewi sitik sitik ilang tak kedepke..hehhh... Mugo mugo lepaso paranmu jembaro kuburmu yo wiii..slamat jalan...!

." Sama pesan apa lagi anaku?". Takone pak surya karo isih sesrengguan. Aku langsung nggenahke..."mbak dewi titip pesen, kalo saya mau pulang harus di kasih uang saku lagi soalnya yang kemaren dah habis !!! ".....

Isuke aku di terke neng stasiun cirebon balik neng jogja. Hedeh malah dadi koyo sedulur hehehe.. Bareng pamitan mlebu gerbong nggoleki tempat duduk sesuai no di karcis gerbong 5 no 12B ....jegagik..

Hakok jejer karo mbak mbake seng raine pucet sengketemu pas mangkat kae.....hedeeeeehhhhhhhh.......

==================================TAMAT============================

SC: Dokter Kung Top